SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok, bathoke ela elo
Si rama menyang Solo leh-olehe payung motha
Mak jenthit thit..lololobah bah
Wong mati ora obah yen obah medeni bocah
Yen urip goleka dhuwit.
CAH SEKOLAH
Aku cah sekolah cilika nanging gagah
Ora tau wegah senajan krasa sayah
Saben ndina mlebu ora tau nyuwun sangu
Nyuwun sangu pangestu Bapak Ibu
GAJAH-GAJAH
Gajah-gajah rene tak kandani jah..
Mripat kaya laron siung loro kuping gede..
Kathik nganggo tlaling
Sikil kaya bumbung....(lali bacute..)
MENTHOG
Menthog-menthog tak kandani mung lakumu angisin-ngisini
Mbokya aja ngetok ana kandang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog menthog mung lakumu megal-megol gawe guyu..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar